Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pulo Man (basa Manx: Ellan Vannin) iku siji dependensi makutha Britania kang dumunung ing Sagara Irlandia, mèh padha adohé saka Inggris, Irlandia, Sekotlan lan Wales. Wewengkon iki jembaré 572 km² kanthi sing ndunungi cacahé 76.315 jiwa (2001). Pulo Man ndarbèni "parlemen aktif tuwa dhéwé ing donya" kang jenengé Tynwald, kang diyasa kira-kira taun 979.
Pulo Man minangka pos paling adoh karajan bangsa Viking wiwit taun 700 nganti 900. Sabanjuré Karajan Hebrides saka Nurwègen nguasani nganti abad angka 13 sadurungé Man direbut déning Sekotlan. Inggris nguasani wiwit abad angka 14. Masalah kang saiki diadhepi yaiku piyé carané mbangkitaké manèh basa Manx kang mèh cures.
|
---|
Praja atmabuh | | |
---|
| |
---|
| Dhènemarken | |
---|
Karajan Manunggal | |
---|
|
---|
Wewengkon Mirunggan kanthi atmabuh mardika | Finlan | |
---|
Karajan Manunggal | |
---|
Nurwègen | |
---|
|
---|
- 1 Pulo-pulo sing ana nang segara saputere Éropa biasane dianggep kalebu Éropa.
- 2 Praja-praja sing ana nang saputere Éropa kadang dianggep Éropa amarga kabudhayaane padha.
|