Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Daging sing didol ing sawijining supermarket ing Roma.
Daging iku péranganing kéwan (sapérangan gedhé jaringan otot) minangka panganan, kadhang-kadhang ora kalebu iwak, panganan sagara, lan unggas. Wiwitané, tembung daging dimaksudaké minangka "panganan" waé.[1]
Ing ngisor angka produksi daging saben taun ing Indonésia
- taun 2003 = 369.700 ton
- taun 2004 = 445.600 ton
- taun 2005 = 358.700 ton
- taun 2006 = 395.800 ton
- taun 2007 = 418.300 ton
- taun 2009 = 399.000 ton [2]
- taun 2010 = 410.00 ton (perkiraan)[2]
- taun 2014 = 590.000 ton (target)[2]
sumber: dirjen peternakan (2007)[3]
Laladan sing didadèkaké fokus paningkatan produksi daging sapi yaiku Acèh, Sumut, Sumsel, Jambi, Riau, Lampung, Sumbar, Jabar, Jateng, Jatim, Yogyakarta, Bali, Kalsel, Sulsel, Sulbar, Sulteng, Sultra, Gorontalo, NTB lan NTT.