Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Country Strong (sesirah aslinipun Love Don’t Let Me Down) nggih punika sesirah filem sandhiwara saking Amérikah Sarékat taun 2010. Filem punika kaarahaken déning Shana Feste. Piyambakipun ugi ngrangkep minangka panganggit skénario. Ingkang ngayahi jejibahan minangka juru damel nggih punika Tobey Maguire lan Jenno Topping. Tanggel jawab musik kapasrahaken dhumateng Michael Brook. Sinematografi dipuncakaken déning John Bailey. Wondéné pambesutan filem kalampahaken Connr O'Neill. Juru paraga ingkang kadhapuk sami maragani antawisipun Gwyneth Paltrow, Tim McGraw, Garrett Hedlund, lan Leighton Meester. Country Stron katepangaken kaping pisanipun ing Nashville, Tennessee surya 8 November 2010, lajeng kababar kagem sagung pamirsa Amérikah Sarékat surya 7 Januari 2011. Filem punika sayuk karya ingkang kaping kalih antawis McGraw lan Hedlund.
- Gwyneth Paltrow minangka Kelly Canter
- Tim McGraw minangka James Canter
- Leighton Meester minangka Chiles Stanton
- Garrett Hedlund minangka Beau Hutton
- Marshall Chapman minangka Winnie
- Jim Lauderdale minangka Teman Kelly
- Jeremy Childs minangka JJ
- ↑ "Nominees for the 83rd Academy Awards". Oscars.org. Dibukak ing January 26, 2011.
- ↑ "Nominations and Winners - 2010". GoldenGlobes.org. Diarsip saka sing asli ing September 11, 2012. Dibukak ing January 26, 2011.
- ↑ "2010 Nominations" (PDF). International Press Academy. Diarsip saka sing asli (PDF) ing July 18, 2011. Dibukak ing January 26, 2011.
- ↑ "The Las Vegas Film Critics Society Awards". AwardsDaily.com. Retrieved March 7, 2011.
- ↑ "Denver Film Critics Society 2009-2010 Award Nominations" Archived 2011-01-20 at the Wayback Machine.. DenverFilmCritics.org. Retrieved March 7, 2011.
- ↑ "2011 Golden Reel Award Nominees: Feature Films". MPSE Golden Reel Awards. 2011. Diarsip saka sing asli ing September 28, 2011. Dibukak ing August 10, 2011.
- ↑ [1] Archived 2011-07-11 at the Wayback Machine.. teenchoiceawards.com. Retrieved July 24, 2011.