www.fgks.org   »   [go: up one dir, main page]

Menyang kontèn

Cacing lemah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Cacing lemah (Lumbricus terrestris)
Lumbricus terrestris, the Common European Earthworm
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Annelida
Klas: Clitellata
Ordho: Haplotaxida
Subordho: Lumbricina
Families
  Acanthodrilidae
  Criodrilidae
  Eudrilidae
  Glossoscolecidae
  Lumbricidae

  Megascolecidae

Cacing lemah ya iku jeneng kang biyasa minangka kulawarga Oligochaeta, kang kelas lan subkelase gumantung saka penemuné ana ing filum Annelida.[1][2] Cacing lemah jinis Lumbricus wujud awake pipih.[1] Jumlah segmen saka cacing lemah ya iku kurang luwih 90-195 lan klitelum kang papané ana ing segmen 27-32.[1] Biasane cacing jinis iki kalah saing karo jinis liyané.[1] Nanging yèn kanggo ternak, ukuran cacing iki bisa luwih gedhé saka cacing liyané.[1] Cacing lemah jinis Pheretima segmennya bisa nganti 95-150 segmen.[1] Klitelume mapan ana ing 14-16.[1] Awake duwé wujud gilik dawa lan silindris wernane abang merah keunguan.[1] Cacing kang kalebu jinis Pheretima ya iku kaya cacing abang, cacing koot lan cacing kalung.[1] Cacing lemah minangka sawijining makluk kang wis urip nganggo bantuan sistem pertahanan wiwit fase ndisik evolusi, amarga saka iku cacing bisa ngadepi invasi mikroorganisme patogen ana ing lingkungane[1]. Paneliten kang wis ana sasuwéné 50 taun nuduhake yèn cacing lemah duwé kekebalan humoral lan selular mekanisme.[1] Saliyané iku uga wis ditemoke yèn banyu selom cacing lemah duwé kandhutan punjul 40 protéin lan pameran aktivitas biologis kaya ta: cytolytic, proteolitik, antimikroba, hemolitik, hemagglutinating, tumorolytic, lan mitogenic.[1]

Pranala jaba

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l "www.warintek.ristek.go.id" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-09-11. Dibukak ing 2011-08-26.
  2. Earthworms as pests and otherwise digital.library.unt.edu