Protista

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Protista
Klasifikasi èlmiah
Domain: Eukaryota
Krajan: Protista *
Haeckel, 1866
Fila

Protista iku organisme kang duwé sifat madan padha karo jamur, tanduran, lan kéwan.[1]

Ciri-ciri Protista[besut | besut sumber]

  • sifaté Eukariotik[2]
  • Respirasi aérobik[2]
  • akéh-akéhé sifaté unisélulér. Protista multisélulér duwé awak kang sedherhana[2]
  • Sebagéyan Protista urip bébas, nanging ana uga kang simbiosis karo organisme liya.[2]
  • Akéh-akéhé protista urip ing banyu ya iku urip ing laut utawa ing kolam, danau, kali lan liya-liyané.[2]

Umumé Protista olih panganan nganggo cara iki:

  • fotoautotrof ya iku bisa gawé senyawa organik kompleks lan molekul anorganik sedherhana nganggo énergi cahya.[2]
  • heterotrof ya iku protista kang ora bisa ngganti molekul anorganik dadi organisme organik dadi butuh panganan organik saka lingkungané, carané mangan organisme liya contoné Rhizopoda lan Oomycota[2]

Protista dikelompokaké miturut meh padha karo organisme apa umpamané Protista mirip jamur ya iku jamur lendhir lan jamur banyu. Protista kang meh padha karo kéwan iku Protozoa, lan protista kang meh padha karo tanduran kang dijenengi alga utawa ganggang.[2]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ (id)(Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.57)
  2. ^ a b c d e f g h (id)(Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.58)


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Protista&oldid=966035"